1) Seratan ingkang adhedhasar kedadosan ingkang nyata-nyata kalampahan dipunsebat.... a) Seratan fiksi b) Seratan non fiksi c) Seratan Ilmiah d) Naskah sandiwara e) Cerkak 2) Struktur artikel ingkang leres inggih menika... a) Irah-irahan, pambuka, isi, dudutan b) Pambuka, isi, dudutan c) Irah-irahan, pambuka, masalah, panutup d) Pambuka, isi, panutup e) Irah-irahan, pambuka, isi, masalah 3) Salah sawijining artikel ingkang ngandharakaen utawi maparaken satunggaling maksud ancas utawi samubarang sanesipun menika kalebet jinis artikel... a) Cariyos b) Gegambaran c) Paparan d) Penggalihan e) Ajakan 4) Kagatosna dhaftar tuladha artikel ngandhap menika! 1. Timun Mas, 2. Papan Wisata Musium Ulen Sentanu, 3. Resep Rica-rica Menthog, 4. Legenda Candhi Prambanan, 5. Pangarbawanipun Jamu Kangge Kasarasan, 6. Manpangat Sedhekah. Tuladha artikel menika, ingkang kalebet jinising aritkel cariyos (narasi) inggih menika... a) 1,5 b) 1,4 c) 5,6 d) 3,4 e) 4,6 5) Ingkang boten kalebet titikanipun artikel inggih punika... a) ringkes, mentes, gamblang, lan tuntas b) artikel sipatipun informatif lan faktual c) panyeratan artikel migunakaken basa baku utawi resmi d) wosipun artikel adhedhasar fiksi utawi mitos ingkang dereng mesthi lereipun e) artikel saged ngemot opini lan analisis 6) Palapuran ngengingi kadadosan awujud paparan fakta saha daa ngengingi kadadosan kasebat. Unsur fakta ingkang wonten ing palapuran inggih punika 5W+1H, inggih punika Who (sinten), What (punapa), When (kapan), Where (ing pundi), Why (kenging punapa), lan How (kados pundi) inggih menika... a) Esai b) Pawartos c) Feature d) Seratan Ilmiah e) Opini 7) Salah satunggaling jinis karya jurnalisti inggih menika kolom, tiyang ingkang nyerat kolom dipunwastani... a) kolomis b) kolomnis c) jurnalis d) sastrawan e) wartawan 8) Jinising karya jurnalistik ingkang sipatipun subjektif ngengingi salah satunggaling perkawis ingkang dipunolah dados seratan menika dipunsebat... a) Opini b) Feature c) Pawartos d) Seratan ilmiah e) Esai 9) Seratan ingkang wosipun ajak-ajak dhateng tiyang sanes supados tuwuh keyakinanipun menika kalebet seratan... a) cariyos b) gegambaran c) paparan d) penggalihan e) ajakan 10) "Papan wisata iki tanpa kendhat wisatawan padha teka." dasanamanipun tembung ingkang kacithak kandel inggih menika... a) pedhot b) sayah c) sambat d) kendho e) ajrih

Leaderboard

Visual style

Options

Switch template

Continue editing: ?