1) Basa kang dironce supaya luwih endah lan ngresepake ati diarani... a) Basa Kawi b) Basa Rinengga c) Basa Krama d) Basa Ngoko e) Basa Jawa 2) Tembung loro sing (meh) padha tegese kang dirakit lan dianggo bebarengan diarani... a) Dasanama b) Tembung Entar c) Tembung Saroja d) Purwakanthi e) Cangkriman 3) Purwakanthi kang runtun aksarane diarani... a) Purwakanthi guru basa b) Purwakanthi guru swara c) Purwakanthi guru sastra d) Purwakanthi guru lagu 4) Purwakanthi sing tembung ing ukara sadurunge dibaleni maneh ing ukara candhake diarani... a) Purwakanthi guru swara b) Purwakanthi guru lagu c) Purwakanthi guru sastra d) Purwakanthi guru lumaksita 5) Tetembungan 'Sluman-slumun slamet' kalebu tuladha purwakanthi .... a) guru swara b) guru basa c) guru sastra d) guru wilangan 6) Unen - unen kang ngemu rasa pepindhan, sing dipindhakake tumindake wong diarani... a) Paribasan b) Bebasan c) Cangkriman d) Saloka e) Purwakanthi 7) Unen - unen 'kutuk marani sunduk' kalebu tuladha ... a) Cangkriman b) Pepindhan c) Paribasan d) Saloka e) Bebasan 8) Cangkriman kang kadadeyan saka tembung - tembung sing diwancah utawa dicekak diarani... a) cangkriman blenderan b) cangkriman wancahan c) cangkriman tembang d) cangkriman pepindhan 9) 'Pitik walik saba kebon' kalebu tuladha cangkriman... a) cangkriman pepindhan b) cangkriman sinawung ing tembang c) cangkriman blendheran d) cangkriman wancahan 10) Salah siji titikane teks sastra yaiku... a) migunakake basa baku b) panulisane adhedhasar fakta c) bisa nambah kawruh/informasi d) panulisane adhedhasar saka imajinasi e) ngandhut makna denotatif

Leaderboard

Visual style

Options

Switch template

Continue editing: ?